1. Kerata Basa
Kerata basa yaiku negesi tembung saka wandane( mengartikan kata dilihat dari suku katanya).
Contone
a. Gelas; yen tugel ara bisa dilas.
b. Piringg = sepine yen miring.
c. Tebuu = antebing kalbu.
d. Cengkirr = kencenging pikir.
e. Gedhangg = digeged bubar (lebar) madhang.
f. Guruu; digugu lan ditiru.
g. Tandurr; ditata kanti mundhur
h. Wanitaa; wani ing tata.
2. Jenising Layang
aa. Jenising layang;
Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
Layang iber-iber (surat kiriman)
Layang dhawuh (surat perintah)
Layang lelayu (surat kematian)
Layang kitir (surat singkat / cekak aos)
Layang ulem (surat undangan)
b. Perangane layang
Adangiyah /adawiyah / salam taklim
Papan lan titi mangsa
Salam pambuka
Pambuka layang
Surasa layang
Panutup layang
Peprenah
Tapak asma
Asma cetha
Conto panutup layang/wasana basa; Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten. Cukup semene dhisik layangku, aku nunggu layang balesanmu. Matur nuwun.
3. Macapat Macapat; artine maca papat-papat. Macapat ana 11:
1. Mijil: tresna marang pepadha, prihatin, pituthur 2. Kinanthi: seneng, tresna 3. Sinom: ethes 4. Asmaradana: susah, seneng 5. Dhandhanggula: luwes 6. Gambuh: sumanak, sumadulur 7. Maskumambang: nelangsa 8. Durma: nesu, mangkel 9. Pangkur: kereng, nepsu 10. Megatruh: susah, prihatin, getun 11. Pocung: gregetan, kendho
Guruu Gatra, Guru Wilangan lan Guru lagu tembang-tembang macapat
1. Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a
2. Pucungg: 12u, 6a, 8i, 12a.
3. Gambuhh: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
4. Megatruhh: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
5. Mijil: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6. Kinanthi: 8u, 8i, 8a, 8i
7. Durma: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
8. Pangkur: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Asmaradana: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a,8u, 8a
10. Sinom: 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
11. Dhandanggula: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a 4.
Paribasan
Paribasan utawa peribahasa bahasa jawa:
Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Polahe anteng kitiran; bocah akeh polahe.
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran
Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan.
5. Arane Turunan, Arane Anak Wong
Kendahana-kendhani : anak 2 lanang, wadon
Kendhini, kendhaha : anak 2 wadon, lanang
Ontang-anting : anak 1 lanang
Unting-unting : anak 1 wadon
Uger-uger lawang : anak 2 lanang
Kembang sepasang : anak 2 wadon
Cukil dulit : anak 3 lanang
Gotong mayit : anak 3 wadon
Saramba : anak 4 lanang
Komentar
Posting Komentar